Wednesday, August 26, 2009
TERMOS
Penjaga Toko : "Termos Mbah."
Mbah Samin : "Ngge nopo?"
Penjaga Toko : " Ngge njogo panganan nek panas ben tetep panas, nek adem ben tetep adem"
Mbah Samin : "Nggih nek ngoten kulo tumbas sing niki"
Sesuke Mbah Samin numpak bis nang Solo ambek nggowo termose sing anyar.
Kondektur : "Ajeng teng pundi Mbah?"
Mbah Samin : "Nang Solo, mbesuk putuku sing operasi sikile cuklek tibo ko pedah montor"
Kondektur : "Lha niku nopo kok mbeto termos?"
Mbah Samin : " Ooo iki kopi mbek dawet. Es dawete nggo engko buko nang ndalan, kopine nggo engko bengi nek jogo putuku"
Kondektur : "Lho lha nopo'o kok dawet kalih kopi di dadekno siji?!"
Mbah Samin : " Lha jarene sing dodol ben panganan sing panas tetep panas, sing adem tetep adem!"
Kondektur : "........................???"
Monday, August 24, 2009
Belajar Politik: Macam-Macam Isme
KOMUNISME:
Kalau anda punya dua sapi, anda berikan dua-duanya kepada pemerintah, dan kemudian pemerintah menjual susunya kepada anda.
SOSIALISME:
Kalau anda punya dua sapi, anda berikan dua-duanya kepada pemerintah, dan kemudian pemerintah memberikan susu kepada anda.
NAZIISME:
Kalau anda punya dua sapi, pemerintah menembak anda dan mengambil kedua sapi anda.
FACISME:
Kalau anda punya dua sapi, anda mengambil susunya dari kedua sapi anda, dan memberikan setengahnya kepada pemerintah.
NEO-DEALISME:
Kalau anda punya dua sapi, anda bunuh satu, anda perah yang satunya dan buang susunya ke got.
KAPITALISME:
Kalau anda punya dua sapi, anda menjual satu ekor sapi dan membeli satu ekor banteng.
KONCOISME:
Anda punya dua ekor sapi, anda bekerja sama dengan salah satu ekor sapi itu untuk membunuh sapi yang lain dengan tujuan agar sapi itu tidak punya saingan dalam menghasilkan susu, sehingga susu sapi anda menjadi Satu-satunya susu sapi di daerah itu.
Wednesday, May 27, 2009
Waloh
Lik Pairo budhal mengguri ogak nok misri sing biasane dienggo ndoprok nek isuk, tapi bablas nang tegalan panggon tandurane waloh mbari nyangking arit. Ngliwati greng-grengan. Masiyo peteng ndedet koyo kuburan Lik Pairo apal dalan kono koyo apale epek-epek tangane dewe. Liwat galengan sawah, menggok nengen - gedabrus - Lik Pairo keblowok telo sing ambane sak kucing. Lik Pairo mringis ngempet loro sikile ambek wetenge.
"Matane suweeekk..lali nek neng kene onok telone. ginyo maeng gak nggowo senter" batine Lik Pairo misoh.
Lemah Bojonegoro ki pancen hebat. Nek rendheng lemahe ngglender koyo bubur nek di idek kelet nggandholi srandal nggarakno srampate pedhot. Nek ketigo mekar, nelo, pecah-pecah koyo lambe kurang pitamin C.
Teko tegalane Lik Pairo mileh waloh sing di roso cemolong maling. Waloh di cungkil nganggo arit di bentuk segitiga rodo ombo. Isine waloh di buang. Lik Pairo ndoprok. Sepuloh menit urusan weteng beres. Bar di iseni, waloh di tutup eneh nganggo tipak cuilane sing bentuk segitiga maeng. Batine Lik Pairo ngguyu "Hhh kapok-em kapan, rasakno kowe". Korban sitok gak po-po sing penting iso ngerjani maling, ngono batine Lik Pairo.
Besangane Lik Pairo sukses. Waloh sing di iseni 'ngonok-an' di jipuk maling. Dino iki Lik Pairo sumringah. Budhal nang tegal nggowo krenjang pe panen waloh. Walohe utoh mergo malinge kapok. Oleh rong krenjang cacah limolas gedhi-gedhi. "Nek gedhene sak mene petang ewu yo payu" batine Lik Pairo ngetung bathi. Waloh di dhukno ko krenjang, PROK! ceblok siji, cuwil. Lik Pairo kaget, cuwilane aneh. Bentuke segitiga. Tambah kaget eneh bareng eroh isine. "Gak layak jok dhek maeng aku mambu kakus ae" batine Lik Pairo. Waloh di prikso sitok-sitok. Soko limolas iji, pitu sing utoh, liyane isi 'ngono-an' kabeh.
Lik Pairo raine mbrambang. Mbengok tapi untu di geget "Diyampuuuuttttt....!!"
Tuesday, May 26, 2009
Bojonegoro Jagongan.
Bengi iki, neng warung protelon pojok deso . . .
. . . Kang Marto ngadeg, njupuk menyok goreng terus njungok eneh. Ambek kemulan sarong sing ambune wis gak karu-karuan kuwi, Kang Marto nekuk sikile, di lempit terus dilebokno nang njero sarong apeke. Cangkeme mecucu-mecucu mergo kebeken menyok sing di emplok.
"Gak mangan, Kang?" Mbok Jiyem takon ambek ngulek sambel kacang.
"Gak, lagek bar mangan" sahute Kang Marto ambek sik kebeken menyok nang cangkeme.
"Ndingaren" kandane Mbok Jiyem.
"Bar pestaok, bar mbeleh pitik" sahute Lik Paijan sing kawit dek maeng iwut ngglintiri mbako.
"Wuah, pantesan ae jok dek maeng ngguya-ngguyu ae" omonge Lik Woto karo ngudeg wedange.
"Lha hiyo, mosok mangan iwak pitik ae ndandak ngenteni pitik gering. Nek gak gering gak oleh di beleh" kandane kang Marto.
"Wooo dadi nggonmu yo kenek kek to Kang?" takone Mbok Jiyem.
"He'eh" sahute ambek ngeleg menyoke.
"Iyo lho, saiki usum kek eneh. Tapi ati-ati lho Kang, Kek e gak koyo dhek biyen. Saiki luweh mbebayani. Gak sembarang kek" kandane Lik Paijan sajak serius.
"Mbebayani piye to Lik?" takone Lik Woto ambek nyedit kreteke.
"Lha kuwi mosok gak eroh sing neng tipi-tipi kuwi, jarene nek enek pitik mati ndadak berbahaya, jarene Flu burung ngono popiye?" omonge Lik Paijan. Diantarane wong sak warung pancen Lik Paijan dewe sing rodho nggenah masalah nasional wong dheke Hansip Desa.
"Nular kuwi Lik?" takone Lik Woto was-was.
"Hiyo, malah jarene enek sing mati goro-goro Flu burung kuwi"
Kang Marto nggreweli, atine ndredheg adem panas. "Engko ojo-ojo pitikku kenek Flu burung kuwi, Lik?" kandhane Kang Marto ambek gemeter.
"Lha pitik mu matine ndadak opo ora?" takone Lik Paijan.
"Matine ndadak yo mergo tak beleh kuwi" omonge Kang Marto lugu.
"Maksute, mulai gering kapan?"
"Wis dhek hingi"
"Yo wis ngene ae, sesuk tak terno nang nggone Pak Lurah lapuran, ben karo Pak Lurah di lapurno nang Puskesmas ben di prikso pitik-pitikem kuwi." kandhane Lik Paijan ngedhem-ngedhem.
Ndilalah nang Tipine Mbok Jiyem pas nyiarno sekilas info.
"100 ayam di Bojonegoro ditemukan terjangkit Flu Burung"
Kang Marto semaput.
dikarang dhewe ambek Mamad
Wednesday, May 6, 2009
Selayang Pandang Bojonegoro
Tipikal daerah lor Pulo Jowo sing gersang, ndadekno Bojonegoro hawane panas tanahe padas tandurane tanaman keras. Ora kaget nek Bojonegoro terkenal sebagai penghasil kayu Jati kwalitas nomer siji sak ndonya. Salah siji sing nggawe Bojonegoro terkenal yoiku :
Nggawan

Luweh dikenal ambek wong njobo Bojonegoro diarani Bengawan Solo. Cocok ambek lagune Gesang “Bengawan Solo”, Nek rendheng banjir, nek ketigo garing. Nggawan sering nggowo bencana neng Jonegoro. Kenek di pesthekno, nek wayah rendheng Bojonegoro mesthi kebanjiran. Lha piye? Wong sak dawane Jonegoro di liwati Nggawan ko pucuk kulon ngantek pucuk etan.
Mangkane ora nggumun nek wong Jonegoro akeh-akehe nandur pari nek pas mongso ketigo. Carane golek banyu karo nyedot banyu nggawan nganggo mesin sedot banyu. Sak dawa-dawane mongso ketigo, neng Jonegoro isek enek pari. Kewan ingonan koyo sapi yo ijek iso mangan mergo enek damen.
Friday, April 24, 2009
Bojonegoro
Biyene terkenal kutho banjir, ning saiki banjire seje. Saiki banjir minyak.
Ndira iyyho leh.
