Lik Pairo gemrenengan dewe. Batine misoh-misoh. Waloh sing nok tegalane ilang eneh sitok. Wis seminggu iki walohe ilang telu. Nggleleng ngrasakno maling waloh, pikirane nglayang golek coro piye carane ben malinge kapok. Sementara neng warunge Mbok Jiyem absen disik. Jam 11 bengi pas ape ndekek sirah neng bantal, wetenge kroso mules. Wis telung ndino iki wetenge rodok gak beres. Nek neng ngguri mesti rodok mbanyu thik ambune nggarai iwak sak blumbang memdem. ..Das! koyo wong kesetrum Lik Pairo njenggirat tangi. Ndilalah nemu ide kok yo pas wetenge mules.
Lik Pairo budhal mengguri ogak nok misri sing biasane dienggo ndoprok nek isuk, tapi bablas nang tegalan panggon tandurane waloh mbari nyangking arit. Ngliwati greng-grengan. Masiyo peteng ndedet koyo kuburan Lik Pairo apal dalan kono koyo apale epek-epek tangane dewe. Liwat galengan sawah, menggok nengen - gedabrus - Lik Pairo keblowok telo sing ambane sak kucing. Lik Pairo mringis ngempet loro sikile ambek wetenge.
"Matane suweeekk..lali nek neng kene onok telone. ginyo maeng gak nggowo senter" batine Lik Pairo misoh.
Lemah Bojonegoro ki pancen hebat. Nek rendheng lemahe ngglender koyo bubur nek di idek kelet nggandholi srandal nggarakno srampate pedhot. Nek ketigo mekar, nelo, pecah-pecah koyo lambe kurang pitamin C.
Teko tegalane Lik Pairo mileh waloh sing di roso cemolong maling. Waloh di cungkil nganggo arit di bentuk segitiga rodo ombo. Isine waloh di buang. Lik Pairo ndoprok. Sepuloh menit urusan weteng beres. Bar di iseni, waloh di tutup eneh nganggo tipak cuilane sing bentuk segitiga maeng. Batine Lik Pairo ngguyu "Hhh kapok-em kapan, rasakno kowe". Korban sitok gak po-po sing penting iso ngerjani maling, ngono batine Lik Pairo.
Besangane Lik Pairo sukses. Waloh sing di iseni 'ngonok-an' di jipuk maling. Dino iki Lik Pairo sumringah. Budhal nang tegal nggowo krenjang pe panen waloh. Walohe utoh mergo malinge kapok. Oleh rong krenjang cacah limolas gedhi-gedhi. "Nek gedhene sak mene petang ewu yo payu" batine Lik Pairo ngetung bathi. Waloh di dhukno ko krenjang, PROK! ceblok siji, cuwil. Lik Pairo kaget, cuwilane aneh. Bentuke segitiga. Tambah kaget eneh bareng eroh isine. "Gak layak jok dhek maeng aku mambu kakus ae" batine Lik Pairo. Waloh di prikso sitok-sitok. Soko limolas iji, pitu sing utoh, liyane isi 'ngono-an' kabeh.
Lik Pairo raine mbrambang. Mbengok tapi untu di geget "Diyampuuuuttttt....!!"
Wednesday, May 27, 2009
Tuesday, May 26, 2009
Bojonegoro Jagongan.
Bengi iki adheme ngudubilah. Ndingarenan atis kok koyo kenek jopo sirep.
Bengi iki, neng warung protelon pojok deso . . .
. . . Kang Marto ngadeg, njupuk menyok goreng terus njungok eneh. Ambek kemulan sarong sing ambune wis gak karu-karuan kuwi, Kang Marto nekuk sikile, di lempit terus dilebokno nang njero sarong apeke. Cangkeme mecucu-mecucu mergo kebeken menyok sing di emplok.
"Gak mangan, Kang?" Mbok Jiyem takon ambek ngulek sambel kacang.
"Gak, lagek bar mangan" sahute Kang Marto ambek sik kebeken menyok nang cangkeme.
"Ndingaren" kandane Mbok Jiyem.
"Bar pestaok, bar mbeleh pitik" sahute Lik Paijan sing kawit dek maeng iwut ngglintiri mbako.
"Wuah, pantesan ae jok dek maeng ngguya-ngguyu ae" omonge Lik Woto karo ngudeg wedange.
"Lha hiyo, mosok mangan iwak pitik ae ndandak ngenteni pitik gering. Nek gak gering gak oleh di beleh" kandane kang Marto.
"Wooo dadi nggonmu yo kenek kek to Kang?" takone Mbok Jiyem.
"He'eh" sahute ambek ngeleg menyoke.
"Iyo lho, saiki usum kek eneh. Tapi ati-ati lho Kang, Kek e gak koyo dhek biyen. Saiki luweh mbebayani. Gak sembarang kek" kandane Lik Paijan sajak serius.
"Mbebayani piye to Lik?" takone Lik Woto ambek nyedit kreteke.
"Lha kuwi mosok gak eroh sing neng tipi-tipi kuwi, jarene nek enek pitik mati ndadak berbahaya, jarene Flu burung ngono popiye?" omonge Lik Paijan. Diantarane wong sak warung pancen Lik Paijan dewe sing rodho nggenah masalah nasional wong dheke Hansip Desa.
"Nular kuwi Lik?" takone Lik Woto was-was.
"Hiyo, malah jarene enek sing mati goro-goro Flu burung kuwi"
Kang Marto nggreweli, atine ndredheg adem panas. "Engko ojo-ojo pitikku kenek Flu burung kuwi, Lik?" kandhane Kang Marto ambek gemeter.
"Lha pitik mu matine ndadak opo ora?" takone Lik Paijan.
"Matine ndadak yo mergo tak beleh kuwi" omonge Kang Marto lugu.
"Maksute, mulai gering kapan?"
"Wis dhek hingi"
"Yo wis ngene ae, sesuk tak terno nang nggone Pak Lurah lapuran, ben karo Pak Lurah di lapurno nang Puskesmas ben di prikso pitik-pitikem kuwi." kandhane Lik Paijan ngedhem-ngedhem.
Ndilalah nang Tipine Mbok Jiyem pas nyiarno sekilas info.
"100 ayam di Bojonegoro ditemukan terjangkit Flu Burung"
Kang Marto semaput.
dikarang dhewe ambek Mamad

Wednesday, May 6, 2009
Selayang Pandang Bojonegoro
Bojonegoro termasuk daerah pinggiran. Wilayahe berbatasan ambek Jawa Tengah siseh kulone, siseh Lor ambek Kabupaten Tuban, Etan ambek Kabupaten Lamongan, siseh Kidul ambek kabupaten Jombang, Nganjuk, Madiun lan Ngawi. Dadi daerah Bojonegoro termasuk ombo (dowo). Jalur transportasi besar mandek neng kene, kecuali jalur cilik-cilik. Bosone unik soko logat omonge mergo kenek pengaruh soko jaman keraton Jipang Panolan neng Jawa Tengah lan Mojopahit Jawa Timur.
Tipikal daerah lor Pulo Jowo sing gersang, ndadekno Bojonegoro hawane panas tanahe padas tandurane tanaman keras. Ora kaget nek Bojonegoro terkenal sebagai penghasil kayu Jati kwalitas nomer siji sak ndonya. Salah siji sing nggawe Bojonegoro terkenal yoiku :
Nggawan
Luweh dikenal ambek wong njobo Bojonegoro diarani Bengawan Solo. Cocok ambek lagune Gesang “Bengawan Solo”, Nek rendheng banjir, nek ketigo garing. Nggawan sering nggowo bencana neng Jonegoro. Kenek di pesthekno, nek wayah rendheng Bojonegoro mesthi kebanjiran. Lha piye? Wong sak dawane Jonegoro di liwati Nggawan ko pucuk kulon ngantek pucuk etan.
Mangkane ora nggumun nek wong Jonegoro akeh-akehe nandur pari nek pas mongso ketigo. Carane golek banyu karo nyedot banyu nggawan nganggo mesin sedot banyu. Sak dawa-dawane mongso ketigo, neng Jonegoro isek enek pari. Kewan ingonan koyo sapi yo ijek iso mangan mergo enek damen.

Subscribe to:
Comments (Atom)